Warung Mangan Nyalawadi ing Wadhuk Gajah Mungkur

0
2424

                Senanjan jaman wis modhern, nanging kedadean nyalawadi sing ana sesambungane klawan ‘alam liya’ nyatane isih lan akeh sing ngalami. Salah siji kaya sing dialami dening Mas A lan kancane sawetara wektu kepungkur.

                Ing wektu iku, Mas A lan salah siji kancane sing sebut wae jenenge Mas P lagi kedanan mancing. Papan mancinge Mas A lan Mas P iki ora mung ing pemancingan umum sing wektu kuwi akeh dibukak ing kutha Solo. Gandheng kepingin tantangan kang beda, Mas A lan Mas P golek papan sing dianggep luwih gedhe tantangane. Salah siji papan sing dianggep duwe tantangan gedhe kanggo mancing yaiku wadhuk Gajah Mungkur ing Wonogiri.

                Mancing ing wadhuk Wonogiri kanggone Mas A lan Mas P klebu sawijining pakulinan kang kerep ditindakake saben preinan. Nanging sasuwene mancing ing papan kasebut ya lagi wengi kuwi Mas A lan Mas P ngalami kedadean sing ora tinemu nalar.

                Wektu mancing ing wengi kuwi wetenge Mas A ngrasa luwe banet. Kaya-kaya rasa luwe sing dirasakake ing wengi kuwi ora bisa diampet maneh. Kamangka nalika budhal saka Sala Mas A lan Mas P wis ngisi wetenge ing sawijining angkringan. Kagawa rasa luwe sing wis ora kena diampet maneh. Mas A banjur sambat.

“Wetengku wis luwe banget iki. Mancinge wis wae ya? Tur olehe ya wis akeh,” sambate mas A.

“Sik ta, nanggung banget iki. Luwemu kuwi diampet dhisik,” wangsulane Mas P.

“Aku wis ora kuwat temenan iki. Kae hlo mumpung enek warung isih bukak. Yen awakmu ora gelem gak apa-apa, kancanana aku wae. Kowe rak bisa ngeteh karo mangan-mangan gorengan. Mengko aku tak ruku mi kanggo ganjel weteng.”

“Ngawur wae, jam semene iki ngendi ana warung sing bukak. Tontonen jam ing hp-mu ta! Iki ngono wis jam siji bengi. Warung-warung ing kene wis padha tutup kabeh.”

“Sing ngawur yo kowe kuwi. Kae hlo sawangen, isih ana warung siji sing isih bukak!” ujare Mas A sinambi nuding papan kang dikarepake. Rikala Mas P noleh menyang papan kang dikarepake kancane. Mas P weruh sesawangan kang ora salumrahe. Mas P sing wis apal thek-kluwere wadhuj Gajah Mungkur kaget banget weruh isih ana warung sing isih bukak ing tengah wengi kuwi.

                Sakawit bareng ndulu swasana warung kang nyenengake merga papane resik lam anggone mbangun warung iku ing papan kang pas, Mas P uga kepengin menyang warung kuwi. Nanging kalane arep jumangkah menyang papan kasebut Mas P ngrasa ana samubarang kang aeng. Ing wengi kuwi Mas P kelingan yen minggu sadurunge ing papan madege warung babar pisan durung ana apa-apane.

“Warung sing gedhe iku kapan mbangune? Tur warung sing gedhene kaya ngono kok sepi lan pelayane ora ana,” batine Mas P.

                Bubar mbatin kaya mangkono lan ngulati Mas A wis jumangkah menyang warung kasebut. Mas P sawise madhahi piranti mancinge lan iwak asli pancingane piyambake baanjur ngedheg jangkahe Mas A.

“Bro, sik ta mandhega dhisik! Kayane awake dhewe ora usah marung mrono mendhingan golek warung liyane wae.”

“Hla, ngapa? Ana warung sing cedhak kok ndadak golek sing adoh?”

“Tontonen tal warunge resik banget lan katon mewah banget, mesthine pangan lan ombenan ing kono regane larang-larang. Saliyane kuwi aku ya curiga?”

“Curiga ngapa?”

“Coba eling-elingen ta? Minggu wingi awake dhewe mancing ing kene warung kuwi rak ya durung ana ta? Saiki pikiren kanthi wektu seminggu apa mungkin yen lumrahe manungsa bisa gawe….”

Durung rampung anggone Mas P ngomong wis dipenggak dening Mas A.

“Bro, ayo ngalih wae. Iki embuh kena ngapa kok dumadakan guluku mrinding dhewe.”

                Mas P mung manthuk. Bocah loro sing senengane mancing ing wengi kuwi lagi sadhar yen kahanan wengi kuwi pancen beda klawan padatane. Saliyane swasana sing luwi sepi, wengi kuwi ing Wadhuk Gajah Mungkur sing adate akeh wong mancing sepi banget.

                Sawise kabeh piranti mancing dilebokake lan asil anggone mancing diwadhahi. Mas A lan Mas P bajur nyengklak sepedhah motore lan nggeblas ninggalake wadhuk. Anggone numpa motor digawe rada banter jalaran atine Mas A sing wengi kuwi kebagean nyetir trataban terus.

                Sadawane dalan Wadhuk Gajah Mungkur nganti kuthaSolo ing jero atine Mas A ora leren anggone maca donga. Sakabehane donga sing diapali diwaca. Swasana atine Mas A lagi rada ayem rikala sepedhah motore ngambah ngarep Balai Kota Solo.

                Wengi kuwi kebeneran ing sacedhake Kanto Telkom Solo isih ana sawetara angkringan sing isih bukk lan jajanane kapetung isih jangkep. Mas A lan Mas P banjur andhok ing angkringan kuwi. Sinambi ngrahabi jajanan lan nyuruput jae anget Ma A lan Mas P crita-crita ngenani kedadean sing mentas dialami.

                Tanpa dinyana jebule, sing bakul angkringan uga duwe karemenan mancing lan uga nate krungu crita sing dikandhakake Mas A lan Mas P ngenani warung nyalawadi mau. Nalika dikandhani dening sing bakul angkringan yen warug mangan mau mujudake warunge bangsa alus. Sakawit Mas A lan Mas P ora percaya.

                Kekarone lagi percaya, nanging nalika dina candhake mbuktekake langsung. Kekarone mung bisa ndomblong nalika ngulati papan sing mau bengi ana Rumah Makan magrong-magrong lan padhang kencar-kencar awan kuwi mung gumuk cilik sing pinuju mrono kudu nganggo prau utawa nglangi.

                Adoh ing jero atine Mas A lan Mas P bola-bali ngucap syokur merga ora kebujuk mampir ing warung kuwi. Upama wengi kuwiMas A lan Mas P nganti andhok ing warung mangan nyalawadi mau kekarone ora bisa mbayangake bakal kaya apa nasibe. (Zuly Kristanto)

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here