Tembang Tresna

0
568

Nalika mega sore ing sisih kulon ngrenggani langit semburat kuning nyebar sunare, kahanan jagad saisine rinengga cahya emas. Endah sesawangane, jogede sang bayu ngglandhang rasa ngumbara merdika ing awang suwung. Sadurunge bagaskara angslup, tembang asmarandana tansah dumeling, gendhing tresnane alam nggandheng rasa kang wis manunggal. Kidunge candhik ayu menehi kekuwatan raga kang tanpa daya, kidung tresnane nelesi ilining rah kang wis suwe garing. Sanadyan amung lumantar wisiking angin, bisa paring usada laraning nala.

“Saben-saben surya wis arep ndhelik, mesthi kahanan iki ngelingake crita lawas,” batine Anien karo nyawang kahanan sore iku.

Wis sawetara Anien ora bisa srawung kaya padatan, apamaneh ing Desa Kapurwan kenya siji iki pancen klebu kembange desa. Mula akeh priya kang kepengin nyedhaki lan kepengin dadi kekasihe. Nanging Anien wiwit cilik piningit kayadene putri raja wae, nganti tangga teparo menehi jeneng ‘Putri Pingitan’.

Cekake crita Anien wis diwasa lan makarya ing kutha, ana salah sijining priya kang bisa gawe atine angluh lan nampa katresnane Hans. Nanging antarane Anien lan Hans tansah sesidheman jalaran wongtuwane ora sarujuk menawa bocah loro mau nyimpen rasa tresna. Nanging sanajan dipalangana tetep bedhal, ditlikung ana sanjerone kurungan wesi uwal, kekuwatan tresna bisa ngalahake samubarang kalir.

“Aku ngrumangsani kahananku, Nien. Menawa saiki kahanane wis seje karo biyen, apamaneh kabeh keluwargamu ora sarujuk marang hubungane awake dhewe,” Hans ngeculake ukara marang Anien.

Durung ana wangsulan saka Anien, Hans nyekel tangane Anien karo nerusake tembunge, “Anien, apa luwih becik awake dhewe lunga saka kutha iki banjur ningkah ing luwar Jawa. Apa kowe setuju karo karepku?”

Tangane Anien tetep dicekel kenceng semelang menawa ucul, banjur Anien kandha, “Kanggoku kabeh abot, Mas. Wongtuwa apadene kekasih padha-padha wong kang nomer siji ing atiku, yen kudu milih. Aku kabotan tenan, kabeh duwe papan kang padha ing atiku.”

Durung sida rampung anggone ngomong, dumadakan bapake Anien teka karo ngendika , “Ndhuk, saiki kowe mlebu kamar wae. Aku kepengin sapejagong karo Nak Hans.”

Anien banjur mlebu kamar, ora ana tembung utawa ukara kang kumecap langsung ngunci kamare. Pak Hendro banjur nyedhaki Hans karo ngendika semu paring pangancam, “Nak Hans, sepisan malih kula emutaken nggih. Anien menika sampun wonten calon garwanipun, pramila nggih Nak Hans wekdal menika pepanggihan kalihan putri kula ingkang pungkasan. Sampun ngantos damel nesu keluwarga kula.”

Pancen Hans kesenggol atine, kepengin nesu jalaran rumangsa ora diregani ing keluwargane Pak Hendro, nanging menawa dilanggati kanthi nepsu amarah mesthi bakal ngumbar wirang. Mula  kanthi ati kang ditata, Hans banjur mangsuli cekak, “Kula boten saged janji, raos tresna menika  namung kula kalihan Anien ingkang ngraosaken.”

Hans banjur ngadeg ninggalake Pak Hendro. Ing batine Pak Hendro gumun, priya mau pancen nresnani anake wadon. Saka ukara kang diucapake cetha ana rasa tresna kang gedhe banget sanajan wis diancam ora antuk ketemu.  Anggone ninggalake Pak Hendro uga katon kebak rasa kang ora nyenengake, jalaran kagol tresnane jinegal ing tengah dalan.

Sawise kedadean kuwi Anien lan Hans ora bisa ketemu kaya padatan,  Anien dipeksa kudu metu saka pakaryane. Kanggone Pak Hendro lan garwane, luwih becik tetep makarya ana ngomah lan ora perlu kerja  kantoran.  Akhire Anien metu saka anggone nyambut gawe lan usaha swasta kang ancase supaya ora bisa ketemu Hans. Menawa kerja swasta lan kantorane yang mung ana ngomah, mula saparipolahe Anien bisa diawasi kayadene wong ukuman.

Anien  ora bisa suwala, rasa bektine marang wongtuwa ngalahake sakabehe.  Nanging urusan ati lan tresna mung ana atine Anien lan Hans, ora bakal ana kang bisa njlentrehake rasa kang wis kebacut nlusup ing getihe wong loro mau. Tatasing crita durung cetha, ing batin tansah nyuwun lan dedonga mugi pinaringana panjang yuswa bisa mujudake impen endah dadi kanyatan ing alam gesang , langgeng tekan kasuwargan jati.

Priya pilihane wongtuwa  dibatalake, Anien milih urip ijen tanpa priya. Nunggu welasing Gusti, mbokmenawa garising pesthi kudu nglakoni  maneka ujian urip. Ora ana cara liya kanggo nglipur ruweting batin, saben-saben surya arep angslup, Anien kelingan tembang-tembang tresna kang tansah dumeling, kidung-kidung asmara  ngisi plataran atine kang suwung. Ora ana ukara  kang kawetu saka latine kejaba ngidungake tembang asmaradana minangka jimat, supaya bisa kuwat nglakoni getiring panandhang kang kudu disandhang.

Sandhangane gesang ora bisa diendhani, salah sijine cara nglipur ati Anien akeh maca, akeh nulis, akeh ‘berkarya’ supaya bisa uripe mumpangat. Ana salah sijine karya geguritane Prof. Dr. AL. Becker, The University of Michigan USA kanthi basa Ingris : Crossing a bare common, in snow puddles, at twilight, under a clouded sky, without having mu thoughts any occurrens of special good fortune, I have enjoyed a perfect exhilaration.”  Banjur disalin nganggo basa Jawa Kuna dening I. Gusti Ngurah Oka lan L Mardiwarsito kang unine mangkene, Lumampah ta nghulun I hara-hara asepi, Ikang sangku ri ngka liniput ing hima, ri wayahning sandyakala, kasongan ikang akasa anilajalada, tan pangen ta nghulun ri wrettaning waralabha, paripurna sukha ta manah niu nghulun. Sabanjure disalin nganggo basa Indonesia :  Menyeberangi ladang hampa, dalam genangan salju, di waktu senjakala, di bawah langit bermendung, tanpa kenangan akan peristiwa keuntungan peristiwa, aku menikmati keriangan yang sempurna.

Wacan kanthi telung basa, nambahi wawasan kanggone Anien,  ngrenggani  kahanan ing  sore iku,  kahanan kang magepokan kayadene lakon critane Anien lan Hans, mula geguritan kuwi maklili atine, nambahi wawasan, menawa  kabungahan ing gurit kuwi nyata nanging bungah kang wis bukak korining   rasa tetep durung cetha ing pungkasane lakon.  Anien amung bisa ngidung tresna, ngrantu wisiking dewa mbabar impen dadi nyata. Tembang Tresna ngancani lakune wektu, ngrantu sunaring lintang madhangi kalbu. Nambani ati tatu, ya mung tembang tresna kang ora uwal saka telenging nala.

Dening : Tatiek Poerwa Kalingga/ djakalodang.co.id

Candiwinangun, 18 September 2018

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here