Mbah Jebeng Kalap Ing Kali Progo

0
1982

           Crita kang bakal ndakbeberake iki nyata dudu kahanan kang ngayawara. Satemene crita iki wis kelakon puluhan taun kepungkur, lan dialami dening salah sijine warga ing desane sedulure penulis sebut wae jenenge Mas Adi asli Kulonprogo. Bapak ibune Mas Adi iki warga asli Kulonprogo lan kapinijon daleme ana ing sapinggire Kali Progo kang jembar lan dawa banget kuwi. Mula kanggone keluwargane Mas Adi Kali Progo kuwi wis nyawiji karo panguripane, kepiye kudu ngemong, ngopeni lan nggulawenthah kali wis dadi kuwajiban masarakat ing sakiwa tengene kali.

            Mas Adi, klebu ‘anak kali’ nalika isih cilik wis biyasa dolanan ing Kali Progo kang jembar gilar-gilar kuwi, adus ana kali, dolanan ambyur-ambyuran, ngguyang kebo lan Kali wis dadi sedulur tumrap bocah-bocah warga masarakat ing sakiwa tengene Kali Progo. Menawa wong liya mesthi wis miris nyawang Kali Progo kanthi banyune kang coklat lan kaya lakune raseksa nguntal bantala menawa lagi banjir, nanging warga kang ana sakiwa tengene Kali kaya wis  biyasa ngerti sesawangan kaya ngono mau.

            Manut critane Simbahe Mas Adi, nalika bapake Mas Adi isih cilik wektu semana ana warga kang jenenge Mbah Jebeng,  critane para sepuh menawa Kali kuwi diopeni lan dijaga kanthi becik bakal ngerti marang kang ngopeni. Nanging menawa Kali disepelake, ora diopeni, ora dijaga, bisa gawe cilakane.

            Crita kang magepokan karo Mbah Jebeng, wektu semana Kali Progo ana banjir teka. Warga masarakat Wetan Progo utawa Kulon Progo menawa ana banjir teka mesthi padha ngumpul ing sapinggire Kali, kabeh warga saka bocah cilik nganti wong tuwa ora ana kang keri padha nonton banjir kang teka.

            Mbah Jebeng daleme ana wetan Kali Progo nanging sore kuwi lagi bali saka sawah, lan kudu nyabrang Kali Progo. Kapinujon banjir bandhang lan akeh warga kang ngelingake aja nganti nyabrang sebab banjir gedhe banget lagi teka. Simbahe Mas Adi malah nawani supaya nginep wae neng daleme, “Pak Jebeng, bengi iki nginep wae ana ngomahku. Sesuk esuk yen banjire mesthi wis suda ora kaya saiki.”

            Nanging Mbah Jebeng malah wangsulane kaya nyepelekake marang Kali Progo, “Walah, banjire Kali Progo niku namung  ‘sauyuh’ kula mosok saged ngentiraken kula.”

            Kabeh warga kang krungu wangsulane Mbah Jebeng padha kaget, lho kok kuwanen banget Mbah Jebeng kamangka banjir bandhang lagi wae teka. Banjur ana warga kang  kawetu, “Wadhuh arep nemoni apa Mbah Jebeng iki, kok nyepelekake banjir Kali Progo.”

            Mbah Jebeng kang wis dielingake warga uga ditawani nginep ing daleme Simbahe Mas Adi ora maelu kabeh mau, piyambake tetep mlaku tumuju Kali Progo kang wektu kuwi surub kahanane. “Mbah, sampun wengi mbok nyipeng wonten griya kula mawon. Malah sampun ketingal peteng lho, Mbah,” ana warga kang mbengok supaya Mbah Jebeng aja nyabrang Kali Progo kang lagi banjir.

            Nanging pambengoke warga mau uga ora digagas, kabeh suwarane warga ora ana kang dipaelu. Mbah Jebeng tetep nerusake lakune bakal nyabrang Kali Progo kang surub kuwi banjir bandhang, niyate wis ora bisa dikendhakake sapa wae.

            Kedadean kuwi disekseni wong akeh, kepara warga masarakat ing sakiwa tengene Kali Progo akeh kang nonton banjir bandhang wektu semana. Kali Progo kang banyune coklat kebak sangkrah lan lendhut, iline nggegirisi, lan ambane kang jembar gilar-gilar ora ana wong kang wani nyedhaki. Pindhane kayu gedhe, pomahan wae bisa keli kintir saka gedhene banjir nanging Mbah Jebeng sengaja nyebrang jalaran kepengin mulih menyang omahe. Lagi wae sikile sesisih jumangkah, laaaaapppp, ilaaaaang, Mbah Jebeng kalap digondhol ganase banjir bandhang sore kuwi.

            Warga jerit, jalaran akeh kang ngerti Mbah Jebeng jumangkah ing Kali Progo kang lagi banjir. Nanging nalika ditlusur sadawane Kali Progo ora ana jasade Mbah Jebeng, dina candhake nganti tekan pirang-pirang dina tetep ora bisa ditemokake jasade Mbah Jebeng.

            Simbahe Mas Adi banjur ngendika, “Kedadean iki dadi pangeling-aling kanggo awake dhewe kabeh, menawa lagi banjir luwih becik aja padha nyedhak apamaneh nganti wani nyabrang kali. Mbah Jebeng klebu wong kang ora bisa ngormati alam, sengaja nyepelekake marang Kali Progo, mula iki piwulang kanggo awake dhewe ayo padha diopeni, dijaga, dirumat, kali apadene alam saisine. “

            Mula dadi pangeling-eling tumrap warga, Mbah Jebeng kang ora kena dielikake wis dadi korbane banjir bandhang, ilang, kalap ing Kali Progo wektu semana. Muga-muga crita nyata iki bisa dadi wacan ing wektu mirunggan lan ana mumpangate.

Tatiek Kalingga (DjakaLodang.co.id)

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here