Dijegal Sing Tunggu Gedhong Kost

0
1036

Donyane gaib iku ana, sebab Gusti Kang Maha Kuwasa nyipta donya gaib lan nyata. Kanggo saperangan para maos kang ora percaya sumangga, sing cetha kanthi maneka  pengalaman lan kasunyatan kang diadhepi saperangan sedulur kang ana ngendi wae kuwi bukti menawa Gusti Maha Agung. Mula kanthi kababare crita gaib iki bisa nambah rasa iman lan percaya marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, lan bisa nambahi rasa sokur menawa manungsa wis diparingi lan tinitah dadi umat kang sampurna dibandhing titah liyane.

Crita gaib iki dialami dening kancane penulis sebut wae jenenge Rohman (penjaga gedhong kost) ing tlatah Sleman. Gedhong kost tingkat papat kuwi pancen klebu wingit, papane ing tengah padesan kang isih arang-arang omahe. Rohman dipercaya nunggu dening Pak Burhan pengusaha sukses asli Kudus, keluwargane Pak Burhan durung mesthi telung sasi sepisan tilik Kost-kostan. Mula Rohman dipercaya ngupakara lan ngurusi samubarange klebu bayarane bocah-bocah mahasiswa kang kost ing papan kono.

Ing salah sawijining dina wayah surup ngarepe Maghrib, Iwan mahasiswa asli Surabaya bali saka kampus pas tekan ngarep pager dheweke dipapagake Rohman nanging ora omongan. Rohman mung mandeg karo bukak pager, nanging mendah kagete nalika tekan garasi Iwan nyawang Rohman lagi ngurupake lampu ing lante 2 karo aruh-aruh : “Mas Iwan, kok ngantos dalu kondur kampus.”

Iwan kami tenggengen karo isih antarane percaya ora maido, ana ngarepan ketemu Rohman meneng wae nanging sawise tekan garasi Rohman ana lante 2 malah ngaruh-aruhi. Saiki sik bener endi, Rohman kok ana loro. Iwan wangsulan mangu-mangu, “Iya, Mas Rohman ana tugas dhosen nganti sore.”

Durung nganti Iwan mlebu menyang kamare, saka ngarep pager ana suwara tulung-tulung njaluk pambiyantu, “Tulung…tulungi aku, sapa sik ana njero. Tulungi akuuuu,” suwarane Budi asli Ponorogo kang mapan ing kost kono uga.

Krungu suwara ana wong jaluk tulung, mahasiswa kang ana njeron kamar banjur padha mlayoni papan suwara mau. Iwan kang isih ana garasi mlayu nyedhaki karo takon, “Ana apa mas Budi, piye ana apa.”

Budi isih tetep lungguh ana ndhuwur motore nanging sikile krasa abot lan ora bisa uwal saka tangan gedhe kang nyengkerem sikile. “Adhuuuh, sikilku, sikilku, piye iki sikilku,” kandhane Budi tetep bengok-bengok nyebut sikile.

Nanging wong kang bakal nulungi ora ngerti kudu kepiye, sebab ora ana kang ngerti karepe, motore banjur dipateni mesinne. Budi tetep wae ora bisa mudhun saka sadhel motor lan sikile kaya dipaku ora bisa uwal saka motor. Kedadeyan kuwi disekseni wong akeh, Rohman kang wis apal karo kahanan papan kono banjur ngundang Pak Raka kang biyasa nambani yen ana wong kang kesurupan utawa diganggu makhluk gaib.

Pak Raka kang daleme ora adoh karo papan kost tingkat papat kuwi banjur nyedhaki Budi kang isih kepatri ing motore. Sawise donga marang Gusti Allah nyuwun Budi diuwali saka motore, piyambake ngendika, “Aja lali donga marang Gusti Allah ya Le, niki dijegal kalih sing tunggu kost. Mula kangge sinten mawon sampun ngantos suwung atine, badhe menapa mawon sampun ngantos kesupen dedonga.” Budi uwal saka motore lan sikile kang krasa dicengkerem tangan gedhe mau bisa kasil ucul, pengalaman iki nyata dudu pengalaman ngayawara.

Tatiek Kalingga ( djakalodang.co.id)

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here