Dasanama: Komodo

0
604
komodo

Jeneng liya saka Komodo  (Latin: Varanus komodoensis) yaiku  Biawak Komodo utawa  Ora.  Saka tembung komodo, biawak komodo utawa  Ora iki bisa  dirumpaka sakehe tembung  lan ukara kayata:  aja tan ora (aja nganti), diorakake (disuwak), diorani (diwangsuli “Ora”), orane (ora bakal), sing ora (neka-neka, werna-werna).

Komodo iku kewan kadal raseksa sing mung tinemu ing Pulo Komodo lan pulo-pulo cilik sakiwa tengene kaya Rinca, Flores, Gili Motang lan Gili Dasami ing Nusa Tenggara, Indonesia.

Komodo iku bangsane mencawak utawa biawak (Latin: Varanidae). Kewan iki wis mecungul ing laladan Asia watara 40 yuta taun kepungkur. Nalika blebekan (lempeng) Asia karo lempeng  Australia gathuk  watara  15 yuta taun kepungkur, komodo  ngili (migrasi) menyang Benua Australia. Saka Australia iki komodo  banjur sumebar ing laladan kang saiki klebu Nusa Tenggara. Jaman Es utawa mumbule banyu segara krana cuwere es ing Kutub Elor watara  4 yuta taun kepungkur, temah Benua Australia kepisah karo Asia dadi jalaran kewan komodo urip kepencil ing pulo-pulo cilik laladan Nusa Tenggara. Komodo klebu salah sijine sisa kewan purba sing uripe meh bebarengan kewan purba raseksa (dinosaurus) sing isih lestari urip tekan wektu iki. Amarga uripe kepencil lan ora srawung karo kewan liyane mula spesies mencawak raseksa komodo iki ora ngalami  owah-owahan (evolusi)  kaya kewan -kewan liyane.

Dawa awak kadhal raseksa komodo watara 2-3, 13  meter,  lan bobote bisa nyandhak 70 kg – 166 kg. Senajan komodo klebu kadhal sing paling gedhe ananging  isih kalah dawa lan abot  ditandhing  Biawak Papua (Latin:  Varanus salvadore). Antarane awak lan buntut dawane  padha.  Untune sing cacah 670 lancip lan landhep piguna kanggo nyuwek-nyuwek daging memangsan.  Cangkem komodo sawayah-wayah dikebaki idu sing campur getih amarga  untune dilapisi  jaringan gingival sing suwek nalika dienggo mangan. Ilate dawa, rupane kuning, pucuke cawang. Komodo lanang ukuran awake luwih gedhe ditandhing komodo wadon. Senajan lakune mbrangkang ananging kewan seneng saba ijen (soliter) iki   bisa mlayu cepete  20 km/jam, pinter nglangi, lan kuwawa nyilem jerone nganti 5 meter. Uga pinter menek kanggo nguber mangsane. Seneng mapan  ing  gumuk setengah ara-ara sing silir krana dayane angin segara lan gawe erong kanggo nyusuh  jerone 3-4 meter.

  Komodo senajan duweni godhohan kuping nanging  kurang  bisa ngrungu. Semono uga pendelengane matane uga kurang awas merga mung kuwawa ndeleng adohe 300 meter. Kanggo ngerteni  daging sing bakal dimangsa  komodo nggedhag-nggedhegake endhase  kanggo nglandhepake daya ambune irung sing kabantu obahe hawa utawa angin. Miturut panaliten komodo bisa ngerteni mangsane nganti adohe 4 -9,5 kilometer. Merga ora duweni sekat rongga badan lan idune sing ngeces terus-terusan mula komodo menawa mangan mung enggal diulu. Sawise mangsa ngulu mangsane banjur dhedhe supaya daging sing diulu pora bosok sajrone wetenge. Sawise daging sing dimangsa diolah ing ususe, sisa sing ora diolah kaya sungu, kuku tracak lan untu saka mangsane dimuntahake saka cangkeme. Komodo dewasa racake mangan sepisan sajrone sesasi utawa setaun kaping rolas. Pakan pokok komodo yaiku reptile, manuk, mamalia, monyet, babi, celeng.kidang, wedhus, jaran lan kebo. Kadhangkala komodho nyolong jisim uwong sing nembe wae dipendhem ing kuburan.

Mangsa kawin komodo  sasi Mei-Agustus lan sasi September  ngendho sing cacahe 20 iji, netes sawise diengrem 7-8 sasi. Sawise  anakan komodo singidan ing pang-pang uwit nganti suwene 5 taun. Komodo umure meh madhani uwong utawa rata-rata kliwat 50 taun. Komodo mung tinemu ing Indonesia.  Ngawengi ancaman cures merga tumindake pemburu lan rusake alam mula pemerintah Indonesia mapanake komodo ing papan ayoman  ing Taman Nasional Komodo  sing nyakup Pulo Komodo lan pulo-pulo sakiwa tengene klebu sebagean Pulo Flores.                                                                                                    

( Senggani  / DL)

LEAVE A REPLY

Please enter your comment!
Please enter your name here